KENANG VIRUS
Kanca-kanca,
kiyeh inyong arep nyritakna sawijining crita sekang Dhusun Gantua. Gantua kuwe
dusun sing maen tur masyarakate makmur. Masyarakat nang dusun kiye meh kabeh
dadi peternak unggas kaya bebek, ayam lan seliya-liyane. Nanging ya uga akeh
sing dadi wong tani. Gantua pancen tentrem, lan makmur, nanging Gantua manggon
nang daerah sing keisolir sekang daerah njaba. Gantua ana nang pucuk sisih
wetan Pulo Glatik. Kiye nyebabna wawasan maring kesehatan lan kebersihan ora
patia maen. Masyarakate uga ora seneng wisuh karo sabun seuwise nyambut gawe
nang kandhang utawa bar ngemek unggas.
Esuk kuwe, ayame
Pak Mamo, warga Dusun Gantua, mati meh separo dewek.
“Kiye ayam-ayam ku kenang apa? Jan ora memper,
sewengi wis mati meh separo dhewek. Apa enggane ditekek nang jin sekang desa
sebelah ? “ omonge Pak Mamo nang mbatin.
Panjenengane uga nemoni kulit ayame ana warna biru
lan siki uga nang desa sebelah lagi akeh kedadeyan ayam mati mendadak, dadi
dheweke mbatin kaya kuwe miki.
Pak
Mamo langsung njioti ayam ayam mau karo tangan langsung lan dibuang maring kali
sing ana nang mburi umaeh.
Segutule ngumah, Pak Mamo krasa ngelih. Panjenengane
banjur mbukak tudung saji lan gageyan njiot dhaharan tanpa wisuh karo sabun.
Deweke krasa tangane esih bersih ora kenang kotoran dadi ora prelu karo sabunan.
Pirang ndina bar kuwe....
“Bu, kayong pating nggreges temen ya? Guluku ya
kayong lara kiye nggo ngeleg apa-apa. Jan kayong rasane ora karuan pisan
kiyeh.” Omonge Pak Mamo maring bojone.
“Apa iya enggane mriyang, Pak ? Dadi ora maring
kandhang, Pak?” takone Mbok Mamo nggenahna omongane bojone.
“Ora dhisit lah bu. Ngesuk Insya Allah menawa wis
mandan kepenak ya bapak maring kandhang ngurus ayam sing solot dina solot
sethithik.”
“Jan pak, apa enggane kiye nang jin kae sing
diomongna nang tanggane dhewek, Pak?” takone Mbok Mamo
“Ya mbuh si kuwe, aku ra bisa mestekna. Bu tulung
maring nggone Dukun. Mbokan jere sapa teyeng nambani mriyangku kiye.” Njaluke
Pak Mamo.
“Ya pak, mengko tek gawe wedang kopi dhisit.”
Semaure Mbok Mamo.
Bar nggawekna kopi nggo Pak Mamo, Mbok Mamo banjur
lunga maring nggone Mbah Dukun sing kondang pinter ngobati penyakit apa dene
kena tulah kang jin.
“Nuwun sewu, Mbah. Kula mriki badhe nyuwun obat
kangge bojone kula. Bojone kula nggih, kayong pating greges niku, bengel nopo
kepripun niko terose, Mbah. Mbokan jere sinten saged dipuntambani .”
“ Kiye, Mbok. Bojone rika kuwe jane katone ora
kenang apa-apa. Panemune inyong kuwe ya bojone rika kuwe kenang jin amarga tau
mbuang ayam mati nang kali. Nah, jin kali kuwe murka marang bojone rika. Dadi
kenang kenang mbok?” wangsule si Mbah Dukun.
“Nggih ngapunten niki, Mbah. Kepripun supados bojone
kula mboten mriyang malih, saged kerja malih?” takone Mbok Mamo.
“Eladalah, kiye Mbok, bojone rika kuwe ya kudu manut
maring inyong. Wis siki koe kudu ngwei sajen kembang pitung rupa karo menyan
maring kali sing tes nggo mbuang ayam ayam kuwe mau. Bar kuwe, rika kudu ngwei
seakeh akeeh wedang bening nggo bojomu. Kaya kuwe ya.”
“Nggih niki maturnuwun Mbah, kula wangsul rumiyin.”
Pamite Mbok Mamo
“Ya wis nganah di cepet mari.”
Sabanjure, Mbok Mamo langsung nglakokna apa sing
diprentah nang Mbah Dukun mau.Mbok Mamo
banjur nyajeni kali lan ngwei unjukan nggo Pak Mamo.
Wis pirang ndina kiye larane Pak Mamo ora mari-mari.
Ningen malah dadi tambah ruwet. Dheweke tambah bengel, malah flu lan kangelan
nggo ngeleg.
“Mbok, sampeyan wis maring dukune urung sih? Aku
kayong tambah bengel.”
“Uwis jane, Pak. Apa kae dukun ora pinter nambani
ya?”
“Alah, sing bener baen. Dukun ngendi jane sih,
Mbok?” takonne Pak Mamo.
“Lah kae,Pak, sing perek Lapangan, sing ndi maning
sih?” jawabe Mbok Mamo.
“Oalah,Mbok mbok, kae dukun ebeg, Mbok.Bener bae ana
sajen sajenan. Aku ya jane mikire mbokan aku sing salah apa kenang jin apa
keprime. Tapi wingi mandan tek pikir kiye bengel temenan udu kang jin. Aku njaluke
dukun sing bisa nambani lara, udu sing nggo nambani mendem kenang jin!”
“Oalah, Pak pak. Ya wis lah siki seanane bae disit.
Bengel bengel ya ditambani sing ana bae disit. Kiye dikompres karo ngunjuk
banyu sing akeh ben mandan mudun panase.”
Pirang ndina kuwe, wong sing bengel lan unggas sing
pada mati solot akeh. Pak Lurah banjur nglaporna kedadeyan kuwe maring dinas
kesehatan lan peternakan sing ana nang kabupaten.
“Nuwun sewu, Pak, Bu. Niki desa kula, Gantua, gadah
kedadeyan radi mboten saged dinalar. Unggas unggas mati sedaya lan mendadak,
uga wonten bercak biru. Kula kuwatir mbok niku kedadeyan flu burung sing saweg
marak wekdal niki.” Lapore Pak Kades maring pegawe nang dinkes.
“Alah,Pak. Bahaya niku, kados tanda tanda flu burung.
Nggih kula kaliyan kanca-kanca badhe teng lokasi.” Wangsule pegawe kuwe.
Segutule Desa Gantua, para pegawe dinas kesehatan
lan dinas peternakan mau langsung ngadakna pemeriksaan marang ayam ayam sing
mati. Kebeneran, akeh warga Gantua sing urung mbuwang ayame dadi kena nggo
sampel lan kena diteliti.
“Pak, Bu. Sesampunipun kula priksa, ayam ayam teng
desa mriki resmi kejangkit virus H5N1.” ngendikane pegawe kang dinas
“Lah nopo niku,Pak. Jeneng warna werni temen?” takone
salah sawijine warga.
“Virus H5N1 niku virus ingkang nyerang kekebalan
unggas, menawi sampun nyerang, unggas bengel lan mboten let suwe mati. Nah
virus niku uga saged nyerang tiyang menawi kekebalan awakipun mboten sae.
Tiyang saged diindentifikasi kejangkit menawi ngrasakaken kados bengel, angel
ngeleg dhaharan, flu lan uga saged kejangkit menawi bar nyepeng ayam ingkang
kena virus H5N1 lan dhahar masakan saking golongan unggas ingkang kejangkit
virus lan dimasak mboten sae utawi mboten mateng.” Jelase pegawe kang dinas.
Bar kuwe, kabeh unggas sing meh kejangkit utawa sing
esih waras banjur dimusnahna. Kandhang-kandhang uga dibersihna supayane virus
langsung musnah. Bar kuwe uga dilakukna vaksinasi lan sosialisasi-sosialisasi
maring Desa Gantua babagan peternakan supayane desane makmur nang peternakan
uga nang pertanian.
Lah, kepriwe kabare Pak Mamo? Pak Mamo sing lagi
gerah banjur digawa menyang rumah sakit nggo dipriksa apa panjenengane positif
kejangkit virus flu burung. Sekang hasil kuwe mau, Pak Mamo positif kejangkit
flu burung nanging amarga penangananne cepet, Pak Mamo ora suwe nang rumah
sakit. Panjenengane wis sehat lan bisa ngurus kandhang sing wis resik lan nduwe
tekad arep urip sing resik. Ora Pak Mamo thok, kabeh warga dhusun ya siki wis
urip makmur kang usaha peternakan.
“Alhamdulillah ya Bu, bapak wis mari, bisa ngrumati
kandhang maning. Sapet ana penyuluhan kae, kayonge kabeh warga dhusun padha
njaga keresikan ya bu.” Ngendikane Pak Mamo maring bojone.
“Iya, Pak. Syukur Alhamdulillah paringane Gusti
Allah. Iya, Pak, ya dadi pada ora penyakiten maning.” Semaure Bu Mamo.
Nah kuwe kanca-kanca, mulane dhewek
diprentah nang pemerentah kon wisuh ya nganggo sabun, njaga keresikan, lan
nduwe wawasan sing amba.
Cukup semene dhisit ya crita kang Dhusun Gantua.
Ayam trengginas ucul kejiret, di waras di slamet.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar